Minggu, 13 Februari 2011

Kebahagiaan Spiritual

Kebahagiaan Spiritual

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْمُنَزَّهِ عَنْ سِمَاتِ الْحُدُوْثِ وَاْلأَلْوَانِ وَالْكَيْفِيَّاتِ * اَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْغَنِيُ كُلِّ مَا سِوَاهُ وَالْمُفْتَقِرُ إِلَيْهِ كُلُّ شَيْءِ فِى سَائِرِ الْمَخْلُوْقَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا سَيِّدُ الْمَخْلُوْقَاتِ * أَللَّهُمَّ صّلِّ وّسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِِِ اللهِ صَاحِبِ الْحَوْضِ وَالشَّفَاعَاتِ * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمُ الْمُفَضَّلِيْنَ الْفَائِزِيْنَ بِأَنْوَاعِ الْخَيْرَاتِ * أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ وَلاَ تُشْرِكُوْا بِهِ شَيْئًا وَاجْتَنِبُوْا السَّيِّئَاتِ وَالْمُنْكَرَاتِ *
Hadirin Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah
Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan gesang datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.

Hadirin Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah
Demi srengenge lan sinare ing wayah esok,
Demi mbulan tatkalane ngiringi,
Demi rina tatkala metu,
Demi wengi tatkala nutupi,
Demi langit lan sekabehe binaane,
Demi bumi lan sekabehe kang ono duwure,
Demi jiwa lan penyempurnaane,
Allah ngilhami marang jiwa iku (dalan) kefasikan lan ketakwaan,
Yekti untung kanggone wong kang nyuceake jiwa iku,
lan temen rugi kanggone wong kang ngrusuhi.

Menikolah sumpah, sumpah saking Allah SWT, kaping pitu Allah sumpah, maring srengenge, mbulan, awan, wengi, langit, bumi lan maring jiwa. Setunggaling pepenget bilih mboten naming srengenge, bumi, lan mbulan ingkang kedah bergerak ing dalem garis orbitipun, ananging ugi jiwa manungsa. Tapi wonten pundi panggenanipun garis orbit jiwa manungsa meniko? Menawi srengenge, mbulan, lintang saget diukur secara fisika, ananging jiwa manungsa kados pundi kita badhe ngaweruhi,
Wonten pundi kita kedah mlampah nuprih kabekjan lan kebahagiaan?
Wonten pundi kita saget mlampah sareng kaliyan alam semesta ingkang senantiasa bertawaf, sesarengan kaliyan trilyunan bintang-bintang lan malaikat ingkang mubeng ngelilingi arsy.
Jawabanipun: Yekti bejo kanggone wong kang nyuceake jiwa iku, lan temen rugi kanggone wong kang ngrusuhi.
Cobi kita bayangaken Indonesia ingkang kebak kaliyan tiyang ingkang kasmaran, jatuh cinta. Cobi kita bayangaken Indonesia,ing pundi sedayanipun, kakung, estri, enem, sepuh, nandang kasmaran, kasmaran kaliyan Sang Maha Pencipta, kasmaran kaliyan Sang Maha Penyayang. Menapa ingkang dipun lampahi inggih demi cintanipun dumateng Allah.
Menawi piyambakipun dados Polisi, piyambakipun njagi lalu lintas kanti sae, mboten mupu bea lan korupsi, keranten pingin dipun tingali Sang Kekasih, Pengeranipun ingkang Maha Ngawuningani. Menawi piyambakipun dados hakim, piyambakipun dados hakim ingkang jujur lan adil, mboten kolusi lan dados calo kasus, keranten rumaos senantiasa dipun tingali kaliyan kekasihipun, Allah Al Adl. Menawi piyambakipun dados petani, mongko piyambakipun ngeramut sabinipun kanti sae, mboten mangan galengan, keranten pingin ngetingalaken raos cintanipun dating Allah ingkang paring bumi ingkang gemah ripah loh jinawi. Menawi sedoyo saget dados tiyang ingkang bekerja senantiasa wonten ing garis orbitipun, wonten ing rel2 tuntunanipun agami ingkang samestinipun, estu negari Indonesia menika badhe dipenuhi kaliyan tiyang2 ingkang dirundung cinta, sedoyo ndadosaken donya menika sebagai cara kangge nglairaken raos syukur ingkang penuh cinta.
Mekaten menika naming badhe dipun gadahi tiyang ingkang manahipun nandang kasmaran, jatuh cinta dating Allah, sehingga punapa mawon ingkang dipun lampahi, supados angsal perhatian saking kekasihipun, Allah Azza wa Jalla.
Fenomena atawin peristiwa menika kados-kados namung saget kedadosan wonten ing wulan suci Ramadhan, tiyang-tiyang sami rebutan ngetingalaken cintanipun, paring sedekah dateng kaum dhuafa, fakir miskin, shalat sunnah, tahajud, darus qur’an, ananging meniko naming wonten wulan Ramadhan. Wonten jawinipun wulan meniko, kita kados-kados putus cinta kaliyan Allah SWT, kekasih kita.
Kita seringkali supe kaliyan Allah, ingkang Maha Penyayang, kita sering mboten sadar bilih kita menika dipun ciptaaken dening Allah, lan kita ugi manggen wonten buminipun Allah, kita sering supe, kita gesang menika kangge menapa? Kangge napa kita urip wonten bumi niki?. Keranten menika mangga kita jawab pertanyaan-pertanyaan menika wonten manah kita piyambak2:
Napa kita meniko wujud, wonten ing bumi menika 100 tahun kapengker?
Napa riyin, 100 satus tahun kapengker kita inggih gadahi nyawa, mripat, asta kekalih lan jasad kita sedaya menika?
Napa kita inggih nate merenung sekedap kemawon, lenggah, lajeng berfikir kengeng menapa kita nggadahi gesang menika?
Napa kita inggih nate meraba wajah kita, nyepengi sirah kita, lajeng ngraosaken bilih kita menika gesang, Allah Al Khaliq ingkang maringi kita gesang, tapi kita mboten mampu menyadari lan ngraosaken gesang kita menika. Menikalah ingkang terjadi, kita seringkali mboten sadar, bilih kita gesang menika semata naming kangge nunjukaken bilih kita menika pantes dipun wujudaken dening Allah wonten buminipun menika.
Lajeng kaping kalih, kathah sanget tiyang ingkang ndadosaken gesang menika dados tujuan utama. Tujuan menika kados-kados akhir saking sedayanipun. Tujuan gesang menika seolah cara kangge mekoleh sedaya kebetahan jasmani kita. Sering mboten sadar bilih gesang kita menika naming sementara.
Kebahagiaan gesang ingkang sejati inggih menika kebahagiaan spiritual. Kebahagiaan wekdal kita mampu ndadosaken gesang wonten donya menika dados sarana kangge pinanggeh kaliyan Kekasih sejati kita. Supados kita pinanggih, bermuwajahah kaliyan Allah wonten akhirat benjang.
Kesadaran menika seolah tertutup kaliyan gemerlap donya menika, kesadaran menika kados mboten malih dipun gadahi mayoritas kita, hingga akhiripun manungsa mboten wonten malih perdamaian ing antarane sesaminipun. Mboten wonten malih raos kasih sayang, lan cinta diantara sesame.
Mugi-mugi kita sedaya saget menyadari akan tujuan gesang kita ingkang sejati lan mengisi gesang kita kanti gesang ingkang sejati sehingga kita sumerap kanti saestu wonten pundi kita gesang, sinten estunipun kita menika lan badhe dating pundi akhiripun kita …..
Wacaen muhammad..
Wacaen kanti asmane pengeranmu kang ndadekno sliramu soko segumpal getih
Wacaen kanti asmane pengeranmu kang Maha Pemurah
Kang ngulangi menungsa kanti perantaraan kalam
Kang ngulangi menungsa apa kang ora dikaweruhi
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم - ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم - وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم – أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar