Rabu, 16 Februari 2011

sifat jujur

Mugi Allah ingkang Maha nguasai sedaya perkawis selalu bukaaken manah kita supados saget memetik hikmah saking setiap kedadosan punapa kemawon kejadian menika. Monggo kita yakin bilih mboten wonten setuanggal kejadianpun ingkang sia-sia, tanpa makna, rugi sanget menawi kita ngadepi gesang menika kanti mboten saget memetik pelajaran saking nopo ingkang sampun kita lampahi. Gesang menika samudera hikmah ingkang tiada terputus. Prayoginipun punapa mawon ingkang kita hadapi, saget menambah ilmu, wawasan, khususipun malih saget nambah, kedewasaan, kearifan diri kita sehingga menawi kita pejah mbenjang, mben lan kapan kemawon, maka warisan kita ingkang paling ageng inggih menika kehormatan pribadi kita, mboten sekedar arisan bondo donya semata. Monggo kita kangen lan senantiasa berharap supados wekdal kita wangsul dumateng Allah inggih saat-saat ingkang penuh kaliyan keindahan lan kebahagiaan.

Mestinipun wekdal malaikat maut menjemput, kita estu-estu dalam keadaan siap, estu-estu dalam keadaan khusnul khatimah. Kedah sering kita bayangaken menawi saat kita pejah mbenjang kita dalam keadaan sae pikiran kita, bersih manah kita, keringat sedang bercucuran di jalan Allah SWT. Syukur-syukur menawi wekdal kita pejah mbenjang, kita nembe sujud ing dalem shalat kita. Ampun ngantos kita pejah sia-sia, kados ingkang sampun diberitaaken wonten TV lan koran-koran tentang tiyang ingkang pejah wekdal mabuk-mabukan, wekdal judi, wekdal wonten ing lokalisasi prostitusi lan lintu-lintunipun, naudzubillahi min dzalik. Enget dating kematian atawin dzikrul maut menika penting sanget.

Mboten wonten kehormatan dan kemuliaan kecuali saking Allah ingkang nggadahi alam alam semesta, ingkang ngangkat derajat sinten kmawon ingkang dipun kehendaki lan ngino dating sinten kemawon ingkang dipun kehendaki.

Hadirin jama’ah ingkang minulya, kita kedah percados sehebat apapun harta, pangkat, kedudukan, atawin atribut duniawi lintunipun mboten badhe berharga menawi kita mboten nggadahi harga diri. Napa artinipun harta benda, derajat lan pangkat, menawi kita mboten nggadahi harga diri.

Gesang wonten donya menika naming sepindah lan sekedap kemawon. Kita kedah bersungguh-sungguh meniti karier kehidupan kita kanti dados tiyang ingkang nggadahi harga diri lan terhormat dalam pandangan Allah SWT lan ugi terhormat dalam pandangan tiyang2 mukmin.

Langkah awal ingkang kedah kita bangun ing dalem gesang kita inggih menika tekad supados dados tiyang muslim ingkang jujur lan terpercaya ngantos tilar kita . kados dene Rasulullah SAW ingkang memulai karier gesangipun kanti gelar kehormatan Al Amin (tiyang ingkang sanget dipun percados).

Keranten menika, Sepindah, monggo jagi lisan kita. Ampun ngantos goroh dalam hal apapun. Langkung sae kita disisihaken keranten kita jujur nopo wontenipun, tinimbang kita dipun trami tapi kanti goroh mboten jujur. Estu mboten bade bahagia lan terhormat menawi dados tiyang ahli goroh.

Kaping kalih, jaga lisan, ampun ngantos nambah-nambahi, ngreka-reka berita atawin informasi ingkang kedah kita sampeaken dating tiyang,

Kaping tiga, ampun ngantos sok pintar kanti njawab setiap pertanyaan. Nah, tiyang ingkang selalu njawab setiap pertanyaan menawi tanpa ilmu mesti badhe ngetingalaken kebodohan kita. Langkung sae kita sanjang “mboten ngertos” menawi kita pancen mboten nyumerapi.

Kaping sekawan, ampun ngantos mbocoraken rahasia atawin amanat, langkung-langkung ampun ngantos mbuka aib tiyang sanes. Menawi wonten tiyang ingkang ndugi dating kita kanti mbeberaken aib lan keawonan tiyang sanes dating kita, estu piyambakipun ugi bade mbuka aib lan keawonan kita dating tiyang sanes lintu maleh.

Kaping terakhir, ampun ngantos kita ngingkari janji. Monggo kita penuhi janji-janji kita meskipun kanti pengorbanan ingkang ageng. Kita kedah enget bilih sedoyo pengorbanan kita kolowau bade dados alit dibandingaken menawi ical harga diri kita, naudzubillah.

Mekaten khutbah ingkang saget kawulo aturaken, mugi Allah senantiasa nggampilaken kita ing dalem kita membangun pribadi kita dados pribadi ingkang jujur lan amanah, jujur dating diri kita piyambak, dating tiyang sanes lan dating Allah SWT langkung-langkung wonten wulan Ramadhan ingkang penuh kaliyan rahmat lan maghfirah menika. Estu mboten wonten faedahipun menawi kita siyam kanti mboten jujur, badhe ilang musna ganjaran siyam kita, lan akhiripun naming mekoleh ngelih lan luwe, naudzubillah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar