Rabu, 16 Februari 2011

sifat jujur

Mugi Allah ingkang Maha nguasai sedaya perkawis selalu bukaaken manah kita supados saget memetik hikmah saking setiap kedadosan punapa kemawon kejadian menika. Monggo kita yakin bilih mboten wonten setuanggal kejadianpun ingkang sia-sia, tanpa makna, rugi sanget menawi kita ngadepi gesang menika kanti mboten saget memetik pelajaran saking nopo ingkang sampun kita lampahi. Gesang menika samudera hikmah ingkang tiada terputus. Prayoginipun punapa mawon ingkang kita hadapi, saget menambah ilmu, wawasan, khususipun malih saget nambah, kedewasaan, kearifan diri kita sehingga menawi kita pejah mbenjang, mben lan kapan kemawon, maka warisan kita ingkang paling ageng inggih menika kehormatan pribadi kita, mboten sekedar arisan bondo donya semata. Monggo kita kangen lan senantiasa berharap supados wekdal kita wangsul dumateng Allah inggih saat-saat ingkang penuh kaliyan keindahan lan kebahagiaan.

Mestinipun wekdal malaikat maut menjemput, kita estu-estu dalam keadaan siap, estu-estu dalam keadaan khusnul khatimah. Kedah sering kita bayangaken menawi saat kita pejah mbenjang kita dalam keadaan sae pikiran kita, bersih manah kita, keringat sedang bercucuran di jalan Allah SWT. Syukur-syukur menawi wekdal kita pejah mbenjang, kita nembe sujud ing dalem shalat kita. Ampun ngantos kita pejah sia-sia, kados ingkang sampun diberitaaken wonten TV lan koran-koran tentang tiyang ingkang pejah wekdal mabuk-mabukan, wekdal judi, wekdal wonten ing lokalisasi prostitusi lan lintu-lintunipun, naudzubillahi min dzalik. Enget dating kematian atawin dzikrul maut menika penting sanget.

Mboten wonten kehormatan dan kemuliaan kecuali saking Allah ingkang nggadahi alam alam semesta, ingkang ngangkat derajat sinten kmawon ingkang dipun kehendaki lan ngino dating sinten kemawon ingkang dipun kehendaki.

Hadirin jama’ah ingkang minulya, kita kedah percados sehebat apapun harta, pangkat, kedudukan, atawin atribut duniawi lintunipun mboten badhe berharga menawi kita mboten nggadahi harga diri. Napa artinipun harta benda, derajat lan pangkat, menawi kita mboten nggadahi harga diri.

Gesang wonten donya menika naming sepindah lan sekedap kemawon. Kita kedah bersungguh-sungguh meniti karier kehidupan kita kanti dados tiyang ingkang nggadahi harga diri lan terhormat dalam pandangan Allah SWT lan ugi terhormat dalam pandangan tiyang2 mukmin.

Langkah awal ingkang kedah kita bangun ing dalem gesang kita inggih menika tekad supados dados tiyang muslim ingkang jujur lan terpercaya ngantos tilar kita . kados dene Rasulullah SAW ingkang memulai karier gesangipun kanti gelar kehormatan Al Amin (tiyang ingkang sanget dipun percados).

Keranten menika, Sepindah, monggo jagi lisan kita. Ampun ngantos goroh dalam hal apapun. Langkung sae kita disisihaken keranten kita jujur nopo wontenipun, tinimbang kita dipun trami tapi kanti goroh mboten jujur. Estu mboten bade bahagia lan terhormat menawi dados tiyang ahli goroh.

Kaping kalih, jaga lisan, ampun ngantos nambah-nambahi, ngreka-reka berita atawin informasi ingkang kedah kita sampeaken dating tiyang,

Kaping tiga, ampun ngantos sok pintar kanti njawab setiap pertanyaan. Nah, tiyang ingkang selalu njawab setiap pertanyaan menawi tanpa ilmu mesti badhe ngetingalaken kebodohan kita. Langkung sae kita sanjang “mboten ngertos” menawi kita pancen mboten nyumerapi.

Kaping sekawan, ampun ngantos mbocoraken rahasia atawin amanat, langkung-langkung ampun ngantos mbuka aib tiyang sanes. Menawi wonten tiyang ingkang ndugi dating kita kanti mbeberaken aib lan keawonan tiyang sanes dating kita, estu piyambakipun ugi bade mbuka aib lan keawonan kita dating tiyang sanes lintu maleh.

Kaping terakhir, ampun ngantos kita ngingkari janji. Monggo kita penuhi janji-janji kita meskipun kanti pengorbanan ingkang ageng. Kita kedah enget bilih sedoyo pengorbanan kita kolowau bade dados alit dibandingaken menawi ical harga diri kita, naudzubillah.

Mekaten khutbah ingkang saget kawulo aturaken, mugi Allah senantiasa nggampilaken kita ing dalem kita membangun pribadi kita dados pribadi ingkang jujur lan amanah, jujur dating diri kita piyambak, dating tiyang sanes lan dating Allah SWT langkung-langkung wonten wulan Ramadhan ingkang penuh kaliyan rahmat lan maghfirah menika. Estu mboten wonten faedahipun menawi kita siyam kanti mboten jujur, badhe ilang musna ganjaran siyam kita, lan akhiripun naming mekoleh ngelih lan luwe, naudzubillah.

SHALAT SEBAGAI DZIKIR

Shalat sebagai dzikir dumateng Allah SWT
Dzikir berfungsi supados kita senantiasa inget dumateng Allah, kangge punapa inget dumateng Allah? Supados tiap langkah kehidupan kita bermakna Laa ilaha illallah , keranten menapa kedah Laa ilaha illallah? Wonten menikolah proses keimanan kita gadahi peran atawin labet ingkang penting. Tiyang ingkang boten nggunaaken akalipun mboten badhe saget manggihi jawabanipun.
Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah
Proses keimanan ingkang sae inggih menika kados ingkang dipun ajaraken dening Nabiyullah Ibrahim AS, piyambakipun iman dumateng Allah mboten sekedar mewarisi saking tiyang sepuhipun, ananging melalui proses pencarian sesuatu ingkang layak dipun anggep sebagai Tuhan atawin pengeranipun.
Saking proses pencarian menikolah Nabi Ibrahim AS akhiripun manggihi kesimpulan ingkang sanget mendasar atawin pokok, bilih gesang kita menika kedah berorientasi atawin nggadahi setunggal tujuan kemawon inggih menika Allah SWT. Keranten sedoyo lintunipun Allah badhe ilang musnah. Naming Allah piyambak ingkang kekal abadi mboten saget musnah.

QS. Al qashash ayat 88

“Ojo sliramu nyembah liyane Allah, pengeran kang liya, ora ono pengeran kang hak kejobo Allah, saben suwiji-wiji mesti bakal binasa, kecuali Allah, sekabehe penentuan keduwe Allah, lan sliramu kabeh bakal balik marang Allah”
Kesimpulan menikolah ingkang merasuk dating manahipun Nabi Ibrahim sehingga piyambakipun gadahi keteguhan hati lan iman ingkang luar biasa, mboten gampil goyah, meskipun dipun perintah ngorbanaken ingkang putra Ismail AS, piyambakipun tetep teguh nglampahi keranten kecintaan lan ketaatan ingkang ageng sanget dumateng Allah SWT.
Hadirin jamaah jum’at rahimakumullah
Sedoyo ingkang kita gadahi lan kita bangga-banggaaken badhe ilang musnah, harta, bondo donya ingkang kita tumpuk2 kekuasaan, derajat pangkat, jasad, rupa lan sedoyo warni2 kecintaan dating donya menika bakal berakhir seiring kaliyan berjalanipun waktu, ananging Allah SWT tentunipun mboten, menikolah sebagian makna Laa ilaha illallah
Keranten menika sedoyo tujuan gesang kedah kita arahaken dating Allah SWT kemawon. Allah ingkang gadahi kebahagiaan donya lan akhirat, menawi allah berkehendak tentunipun kita ugi saget ngraosaken kebahagiaan fid dunnya wal akhirat.
Menikalah ingkang dipun maksud dzikir dumateng Allah. Mboten sekedar inget ingkang mboten jelas jluntrunganipun, ananging inget dalam arti Laa ilaha illallah inget bilih sedoyo kawontenan donya lan isinipun naming gadahanipun allah, ingat bilih Allahlah ingkang layak mengisi ingatan kita setiap saat setiap waktu, menikolah ingkang kita raosaken ing dalem shalat kita, dawuhipun Allah wonten QS Taahaa 14

“saktemene ingsun iki Allah, ora ono pengeran kang hak kejobo ingsun lan jumenengno sholat kanggo iling marang ingsun”
Kesimpulanipun, kanti senantiasa inget dumateng Allah SWT kita badhe metik manfaat
1. Manah kita badhe senantiasa tenang lan tentrem “ Alaa bi dzikrillahi that mainnul quluub”
2. Dados tiyang ingkang sabar, keranten senantiasa rumaos keparek dating Allah Al baqarah 153 “InnaAllaha ma’as shobiriin”
3. Dados pribadi ingkang ikhlash lan rendah hati keranten kita rumaos alit lan Allah ingkang maha agung
4. Terhindar saking perbuatan ingkang keji lan mungkar “QS ankabut 45’ Innassolata tanha anil faqshai wal munkar”
5. Dados tiyang ingkang kaya hati, mboten serakah keranten kita rumaos keparek kaliyan dzat ingkang Maha Sugih lan Maha Penyayang
Lan kathah malih manfaat lintu2nipun,
Akhiripun monggo kita doa sesarengan dumateng Allah mugi kita saget dados tiyang ingkang saget metik hikmah ingkang ageng saking ibadah sholat kita, sehingga shalat kita bermakna Laa ilaha illallah sebagai sarana kita senantiasa inget, dzikir dating allah, mboten naming kanti lesan, ananging ugi, perbuatan lan manah kita,
aamin ya rabbal aalamiien

Minggu, 13 Februari 2011

Kebahagiaan Spiritual

Kebahagiaan Spiritual

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْمُنَزَّهِ عَنْ سِمَاتِ الْحُدُوْثِ وَاْلأَلْوَانِ وَالْكَيْفِيَّاتِ * اَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْغَنِيُ كُلِّ مَا سِوَاهُ وَالْمُفْتَقِرُ إِلَيْهِ كُلُّ شَيْءِ فِى سَائِرِ الْمَخْلُوْقَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا سَيِّدُ الْمَخْلُوْقَاتِ * أَللَّهُمَّ صّلِّ وّسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِِِ اللهِ صَاحِبِ الْحَوْضِ وَالشَّفَاعَاتِ * وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمُ الْمُفَضَّلِيْنَ الْفَائِزِيْنَ بِأَنْوَاعِ الْخَيْرَاتِ * أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ وَلاَ تُشْرِكُوْا بِهِ شَيْئًا وَاجْتَنِبُوْا السَّيِّئَاتِ وَالْمُنْكَرَاتِ *
Hadirin Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah
Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan gesang datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres.
Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.

Hadirin Jamaah Shalat Jum’at Rahimakumullah
Demi srengenge lan sinare ing wayah esok,
Demi mbulan tatkalane ngiringi,
Demi rina tatkala metu,
Demi wengi tatkala nutupi,
Demi langit lan sekabehe binaane,
Demi bumi lan sekabehe kang ono duwure,
Demi jiwa lan penyempurnaane,
Allah ngilhami marang jiwa iku (dalan) kefasikan lan ketakwaan,
Yekti untung kanggone wong kang nyuceake jiwa iku,
lan temen rugi kanggone wong kang ngrusuhi.

Menikolah sumpah, sumpah saking Allah SWT, kaping pitu Allah sumpah, maring srengenge, mbulan, awan, wengi, langit, bumi lan maring jiwa. Setunggaling pepenget bilih mboten naming srengenge, bumi, lan mbulan ingkang kedah bergerak ing dalem garis orbitipun, ananging ugi jiwa manungsa. Tapi wonten pundi panggenanipun garis orbit jiwa manungsa meniko? Menawi srengenge, mbulan, lintang saget diukur secara fisika, ananging jiwa manungsa kados pundi kita badhe ngaweruhi,
Wonten pundi kita kedah mlampah nuprih kabekjan lan kebahagiaan?
Wonten pundi kita saget mlampah sareng kaliyan alam semesta ingkang senantiasa bertawaf, sesarengan kaliyan trilyunan bintang-bintang lan malaikat ingkang mubeng ngelilingi arsy.
Jawabanipun: Yekti bejo kanggone wong kang nyuceake jiwa iku, lan temen rugi kanggone wong kang ngrusuhi.
Cobi kita bayangaken Indonesia ingkang kebak kaliyan tiyang ingkang kasmaran, jatuh cinta. Cobi kita bayangaken Indonesia,ing pundi sedayanipun, kakung, estri, enem, sepuh, nandang kasmaran, kasmaran kaliyan Sang Maha Pencipta, kasmaran kaliyan Sang Maha Penyayang. Menapa ingkang dipun lampahi inggih demi cintanipun dumateng Allah.
Menawi piyambakipun dados Polisi, piyambakipun njagi lalu lintas kanti sae, mboten mupu bea lan korupsi, keranten pingin dipun tingali Sang Kekasih, Pengeranipun ingkang Maha Ngawuningani. Menawi piyambakipun dados hakim, piyambakipun dados hakim ingkang jujur lan adil, mboten kolusi lan dados calo kasus, keranten rumaos senantiasa dipun tingali kaliyan kekasihipun, Allah Al Adl. Menawi piyambakipun dados petani, mongko piyambakipun ngeramut sabinipun kanti sae, mboten mangan galengan, keranten pingin ngetingalaken raos cintanipun dating Allah ingkang paring bumi ingkang gemah ripah loh jinawi. Menawi sedoyo saget dados tiyang ingkang bekerja senantiasa wonten ing garis orbitipun, wonten ing rel2 tuntunanipun agami ingkang samestinipun, estu negari Indonesia menika badhe dipenuhi kaliyan tiyang2 ingkang dirundung cinta, sedoyo ndadosaken donya menika sebagai cara kangge nglairaken raos syukur ingkang penuh cinta.
Mekaten menika naming badhe dipun gadahi tiyang ingkang manahipun nandang kasmaran, jatuh cinta dating Allah, sehingga punapa mawon ingkang dipun lampahi, supados angsal perhatian saking kekasihipun, Allah Azza wa Jalla.
Fenomena atawin peristiwa menika kados-kados namung saget kedadosan wonten ing wulan suci Ramadhan, tiyang-tiyang sami rebutan ngetingalaken cintanipun, paring sedekah dateng kaum dhuafa, fakir miskin, shalat sunnah, tahajud, darus qur’an, ananging meniko naming wonten wulan Ramadhan. Wonten jawinipun wulan meniko, kita kados-kados putus cinta kaliyan Allah SWT, kekasih kita.
Kita seringkali supe kaliyan Allah, ingkang Maha Penyayang, kita sering mboten sadar bilih kita menika dipun ciptaaken dening Allah, lan kita ugi manggen wonten buminipun Allah, kita sering supe, kita gesang menika kangge menapa? Kangge napa kita urip wonten bumi niki?. Keranten menika mangga kita jawab pertanyaan-pertanyaan menika wonten manah kita piyambak2:
Napa kita meniko wujud, wonten ing bumi menika 100 tahun kapengker?
Napa riyin, 100 satus tahun kapengker kita inggih gadahi nyawa, mripat, asta kekalih lan jasad kita sedaya menika?
Napa kita inggih nate merenung sekedap kemawon, lenggah, lajeng berfikir kengeng menapa kita nggadahi gesang menika?
Napa kita inggih nate meraba wajah kita, nyepengi sirah kita, lajeng ngraosaken bilih kita menika gesang, Allah Al Khaliq ingkang maringi kita gesang, tapi kita mboten mampu menyadari lan ngraosaken gesang kita menika. Menikalah ingkang terjadi, kita seringkali mboten sadar, bilih kita gesang menika semata naming kangge nunjukaken bilih kita menika pantes dipun wujudaken dening Allah wonten buminipun menika.
Lajeng kaping kalih, kathah sanget tiyang ingkang ndadosaken gesang menika dados tujuan utama. Tujuan menika kados-kados akhir saking sedayanipun. Tujuan gesang menika seolah cara kangge mekoleh sedaya kebetahan jasmani kita. Sering mboten sadar bilih gesang kita menika naming sementara.
Kebahagiaan gesang ingkang sejati inggih menika kebahagiaan spiritual. Kebahagiaan wekdal kita mampu ndadosaken gesang wonten donya menika dados sarana kangge pinanggeh kaliyan Kekasih sejati kita. Supados kita pinanggih, bermuwajahah kaliyan Allah wonten akhirat benjang.
Kesadaran menika seolah tertutup kaliyan gemerlap donya menika, kesadaran menika kados mboten malih dipun gadahi mayoritas kita, hingga akhiripun manungsa mboten wonten malih perdamaian ing antarane sesaminipun. Mboten wonten malih raos kasih sayang, lan cinta diantara sesame.
Mugi-mugi kita sedaya saget menyadari akan tujuan gesang kita ingkang sejati lan mengisi gesang kita kanti gesang ingkang sejati sehingga kita sumerap kanti saestu wonten pundi kita gesang, sinten estunipun kita menika lan badhe dating pundi akhiripun kita …..
Wacaen muhammad..
Wacaen kanti asmane pengeranmu kang ndadekno sliramu soko segumpal getih
Wacaen kanti asmane pengeranmu kang Maha Pemurah
Kang ngulangi menungsa kanti perantaraan kalam
Kang ngulangi menungsa apa kang ora dikaweruhi
بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم - ونفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم - وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم – أقول قولي هذا واستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين والمسلمات والمؤمنين والمؤمنات فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.