Sabtu, 24 September 2011

Berbakti pada kedua orang tua

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَاكَاتُهُ الحَمْدُ لله 2 الَذِى أَمَرَناَ أَنْ لاَ نَعْبُدَ إِلاَّ إِياَّهُ. وَأَمَرَناَ كُلاًّ مِناَّ بِإِحْسَانِ وَالِدَيْهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه . القَائِلُ لاَ يَجْزِى وَلَدٌ وَالِدَهُ إِلاَّ يَجِدَهُ مَمْلُوْكاً فَيَشْتَرِيَهُ لِيُعْتِقَهُ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ ْالهُدَى وَاْلبَيَان. أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo. Sak mantunipun muji dumateng Alloh soho maos sholawat konjuk dateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW., kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, khususipun pribadi kulo piyambak, monggo samiyo nambahi takwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken. Lan kita kedah mangertos bilihkito sedoyo wonten ing alam dunyo puniko dipun ciptaaken dening Allah SWT mboten sanes inggeh namung ngabekti lan ngabekti dumateng perintahipun Allah SWT. Artosipun sedoyo gerak lampah kito, tumindak kito, pangendikan soho pendamelan kito wonten dunyo meniko kedah dipun landasi minongko bukti ngemawulo lan raos syukur dumateng Allah. Allah SWT sampun ngendika: وَماَ خَلَقْتُ الْجِنَّ وَ اْلإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ Ingkang artosipun: “Aku ora ndadeake bongso jin lan manungso kejobo supoyo ngemawulo maring Ingsun (Allah SWT”) Allah ugi ngendiko wonten ing surat An-Nisa’ 36: Artosipun: “ Ngabektiyo siro kabeh marang Allah SWT lan ojo siro kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah marang liyane lan gaweo kabecikan marang wong tuwo lor, kerabat, anak-anak yatim, wong-wong fakir miskin, tonggo kang cedak lan adoh, konco akrab, ibnu sabil lan hamba sahayamu. Sak temene Allah iku ora seneng tumrap wong kang sombong bangga marang awak dewene”. ( Qur’an surat an-Nisa : 36). Sak mantunipun Allah merintah ngabekti dumateng Allah piyambak, lajeng dipun susul kaliyan perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan meniko wajib kito lampahi kanti ikhlas. Kido sedoyo ngibadah ngeparek dumateng Allah SWT keranten nyukuri dumateng pinten-pinten kenikmatan ingkang katah sanget cacahipun. Allah meniko Moho Welas Asih dateng hambanipun ingkang taat utawi hamba ingkang agawe maksiyat dumateng Allah. Sedoyo kemawon dipun paringi rizky saking Allah SWT. Lan manawi kito penggalih, raos welas, raos asih ingkang ageng, ingkang kiro raosaken, sak mantunipun saking Allah, meniko raos welas asihipun tiyang sepah kekaleh marang putranipun. Pramilo kanthi meniko, bektos dumateng tiyang sepuh kekalih dumawah persis sak mantunipun bekti dumateng Allah SWT. Kito saged mangertosi rekasanipun ibu naliko ngandut. Sak sampunipun maos medal kanti ketar ketir ngadepi toh nyowo. Lajeng sak mantunipun lahir kanthi ikhlas dahar ingkang sarwo pahit, supados putranipun tetap sehat wal afiyat. Naliko tiyang sepuh sare, wungu sebab mirengaken tangisipun bayi lan sak panunggalanipun. Semanten ugi bapak ngupados nafkah soho biaya ingkang halal ingkang mboten etangan. Kulit rumiyen kuning lajeng dados ireng gelengseng, badan rumiyen ageng kadang kantun balung kaliyan kulit. Sebab ngeraosaken ewotipun pados nafaqoh. Pramilo meniko kito wajib ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih lan jagi hak-hakipun . Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14: Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang menungso kabeh supoyo agawe becik marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih sak wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan namung marang Aku ( Allah) siro bali”. ( Qur’an Surat Lukman: 14). Dipun riwayataken sangking Abdullah bin Mas’ud bilih panjenenganipun nate ngendiko: “ Aku matur marang kanjeng nabi Muhammad SAW.: Amal punopo ingkang paling dipun remeni dening Allah SWT? Kanjeng Nabi Muhammad jawab: Nglakoni sholat ono ing wektune. Aku matur: lajeng menopo maleh? Jawabane nabi: Bekti marang wong tuwo loro. Aku matur: Lajeng menopo? Kanjeng Nabi jawab: jihad fi sabilillah”. Wonten hadits ugi dipun sebataken ingkang artosipun kirang langkung: “Ciloko…ciloko…ciloko wong kang menangi wong tuwone wis tuwo salah sijine utowo karo-karone, nanging deweke ora iso mlebu surgo.” Milo manawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Nebihi sedoyo ingkang dadosaken kuciwo, ampun ngantos kikir utawi kalah kaliyan bojo istrinipun, sehinggo nglirwaaken tiyang sepah. Dipun riwayataken ingkang isinipun kirang langkung, bilih wonten tiyang jaler sowan dateng kanjeng nabi Muhamad SAW lan matur: “ Ya rasulullah, kulo gadah bondo lan anak, sarto bapak kulo kepingin nelasaken bondo dunyo kulo”. Lajeng kanjeng Nabi Muhammad SAW nimbali tiyang sepuhipun, tiyang sepuhipun sampun sepuh sanget, rasulullah ngendiko dateng tiyang sepuh kolo wau ngengingi dakwaan saking putronipun. Tiyang sepuh wau jawab: “ Allah tansah nambahi pengertian lan keyakinan dumateng kulo, nopo niku leres Ya Rasulullah?” rasulullah dawuh: “ Ceritakno..!!. lajeng tiyang sepuh wau cerito:” Siro tak wenehi pangan naliko siro cilik lan tak upokoro. Siro diwenehi omben-omben kanthi katresnan. Naliko siro loro, wektu bengi aku ora iso turu lan ngeroso gersah, aku wedi lan kuwatir siro mati. Aku ngerti yen mati iku kepastian saka Allah SWT, koyo-koyo aku kang keno dudu siro. Mataku dlewer kebak luh. Naliko siro dewoso lan tumeko marang puncak kang dadi pengarep-arepku, siro wales kanthi kekerasan lan bengis., koyo-koyo siro kang aweh kenikmatan yen siro ora anggateake hakku, mongko bapak siro kudu nglakoni koyo kang dilakoni tonggo.” Lajeng Rasulullah matur lan ngendiko: “ Ora ono watu lan lemah kang ngerungu ucapane wong iki kejobo lemah lan watu mau nangis. “ Lajeng Rasulullah nyepeng rasukanipun anakipun tiyang sepuh wau lan ngendiko: “ Siro lan kabeh bondomu iku duweke bapakmu.” ( HR. Ibnu Majah, Ath-Thobroni, lan al-Bazzar). Ahli jum’at Ingkang Tinuhu kinebekten Manawi tiyang sepu sedo, caranipun bekti tansah nyuwunaken pangapunten wonten ngarsanipun Allah. Manawi tiyang sepuhipun Islam, nglangsungaken wasiatipun lan nyambung kekeluargaan ingkang mboten waged dipun sambung kajawi kanthi tiyang sepuhipun, ugi ngurmati rencangipun tiyang sepah kekalih. Allah sampun ngendiko wonten ing surat at-Taubah ayat 113: Artosipun: “ Ora keno kanggone Nabi lan wong-wong kang podho iman njaluake pengapuro marang Allah kanggo wong-wong musyrik senajan wong musyrik iku mau kerabat, sak wise jelas tumrap deweke yen wong-wong musyrik mahu penghuni neroko jahannam”. Al-Qur’an Surat at-Taubah 113). Hadirin sidang jum’ah ingkang minulya, monggo sekedap kita angen-angen: - Tiyang sepuh kita selalu bangga-banggaaken kita, napa kita nggih saget dados kebanggaan kekalihipun? - Tiyang sepuh kita selalu dongaaken kita, napa kita nggih selalu dongaaken kekalihipun? - Tiyang sepuh kita selalu berkorban kangge kita, napa kita nggih sampun berkorban kangge kekalihipun? - Tiyang sepuh kita selalu berusaha mbahagiaaken kita, napa kita nggih sampun selalu berusaha mbahagiaaken kekalihipun? - Tiyang sepuh kita ngeramut kita ngantos dewasa, tanpa nate mengeluh sambat, tapi napa kita sampun berusaha nyembulih, mbales kanti bekti dateng Allah, shalat gangsal wekdal kanti istiqamah, dongaaken kekalihipun sehingga tiyang sepuh kita senantiasa dipun rahmati lan dipun kasihi dening Allah SWT Minongko akhir khutbah, monggo kito tansah enget bilih ridhonipun Allah meniko tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi bendunipun Allah wonten bendunipun tiyang sepah kekalih. Perlu kita mangertosi bilih berbakti dateng tiyang sepuh menika bade mbukak langit lan ngeluberaken rezeki, keranten donganipun tiyang sepuh estu ndamel rezeki kita melimpah, nanging atos-atos, mekaten ugi kosok wangsulipun. Menawi kita mboten bekti dateng tiyang sepuh rezeki kita bade seret, lan urusan-urusan kita bade ruwet. Milo manawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulyaaken, taat marang perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Mugi-mugi kito kagolong tiyang ingkang taat dumateng Allah lan tiyang sepah kekalih. اَعُوْذُ باِلله مِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ الله الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ. وَقَضى رَبُّكَ أَنْ لاَ تَعْبُدُوْا إِلاَّ إِياَّهُ وَباِلْوَالِدَيْنِ إِحْساَناً إِماَّ يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ اْلكِبَرَ أَحَدَهُمَا أَوْ كِلاَهُمَا أُفٍّ وَلاَ تَنْهَرْهُماَ وَقُلْ لهَمُاَ قَوْلاً كَرِيْماً. باَرَكَ اللهُ ليِ وَلَكُمْ فيِ ْالقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ - وَنَفَعَنيِ وَإِياَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْمِ - وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْم – أَقُوْلُ قَوْليِ هَذَا وَاسْتَغْفُرُ اللهَ اْلعَظِيْم ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَات وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَات فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ.