Rabu, 13 Maret 2013

7 Langkah mencuci hati

ان الحمد لله الذى أرسل رسوله بالهدى ودين الحق ليظهره على الدين كله. أرسله بشيرا ونذيرا وداعيا الى الله باذنه وسراجا منيرا. أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له. شهادة اعدها للقائه ذخرأ. واشهد ان محمدا عبده و رسوله. ارفع البرية قدرا. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى أله وأصحابه وسلم تسليما كثيرا. أما بعد. فياأيها الناس اتقوالله حق تقاته ولاتموتن الا وأنتم مسلمون. Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah Monggo kita sedaya sebagai manusia ingkang gesangipun senantiasa mbetahaken Rahmat, Taufiq lan Hidayah saking ngarso dalem Allah SWT senantiasa ngelampahi perintah-perintahipun Allah lan nebihi sedaya awisan-awisanipun ing dalem wekdal kapan kemawon lan dalam keadaan kados pundi kemawon. Monggo kita sami2 ningkataken ketaqwaan kita dateng Allah, keranten kita yakin bilih namung kanti taqwa dumateng Allah-lah, gesang kita menika badhe dipun luberi kaliyan keberkahan lan keberlimpahan hidup ngantos dumugi akhirat benjang. Firman Allah wonten ing surat As shood ayat 49 Inna lil muttaqiina lahusna ma’aab yekti kanggo wong2 kang taqwa kanti temen-temen disediaake papan panggonan bali kang bagus (yoiku suwarga Adn) Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah Wonten ing kesempatan menika, kulo badhe mengisi khutbah jum’at menika kaliyan 2(kalih) kisah teladan saking sayyidina Umar bin Khattab radhiallahu ‘anhu lan ugi Hatim al-Asham. Kisah menika mugi2 saget dadosaken inspirasi lan pepeling kangge kita sedaya ing dalem ngamal ngibadah saben dintenipun, hingga kita estu2 saget dados tiyang muslim ingkang sehat lahir batin. Jama’ah Jum’ah ingkang Berbahagia Salah setunggaling sufi ahli ibadah ingkang nami Hatim al-Asham (w. 237 M) dipun aturi paring penjelasan kaliyan Ashim bin Yusuf sak ba’danipun pengaosan wonten ing majlis ta’limipun. Ashim bin Yusuf inggih menika setunggaling ahli fiqih ingkang ningali segala hal saking bab syariah. Ashim tangklet dateng Hatim “ Syaikh kados pundi panjenengan ing dalem ngelampahi shalat?” Hatim al-Asham sebagai ahli tarekat dan syariat njawab “menawa wis mlebu wayah shalat aku banjur wudhu kanti wudhu 2(loro), wudhu lahir lan wudhu bathin. Wudhu lahir iku syariat lan wudhu bathin yaiku haqiqat”. Ashim bin Yusuf dados santri ingkang konsentrasi bab pelajaran fiqih tentu kemawon kaget. Lajeng Hatim al-Asham nerangaken malih bilih “wudhu lahir dipun lampahi kanti mbersihaken anggota badan ngangge toya. Menawi wudhu bathin menika kedah mbersihaken ati (salamatush shadri) saking pitung perkawis. 1) Sepindah, ati kedah dipun suceaken kelawan raos penyesalan atawin an-nadamah. Menyesali sedoyo kesalahan ingkang dipun lampahi lan rumaos getun nilaraken ibadah kesaenan. Mengenai an-nadamah menika, kisahipun Sayyidina Umar bin Khattab ra saget kita dadosaken pelajaran. Jama’ah Jum'ah Rahimakumullah Sayyidina Umar bin Khattab ra menika nggadah kebun kurma wonten ing Madinah. Wit-witan kurmanipun berbuah kanti kwalitas ingkang sae, lan sekeco raosipun. Mboten namung menika kemawon, bahkan wonten ing lebetipun kebun menika wonten sumberipun toya, padahal sampun maklum dospundi awratipun pados sumber toya wonten ing tanah padang pasir kados Madinah. Sayyidina Umar remen saestu nggadahi kebun menika, hingga seringkali piyambakipun mlampah-mlampah ningali hasil kebunipun. Salah setunggaling dinten wekdal kondur saking kebunipun, piyambakipun panggih kaliyan sahabat-sahabat ingkang mlampah sesarengan. Lajeng Sayyidina Umar tangklet “sampeyan kabeh soko ngendi kok mlaku bareng-bareng?” lajeng para sahabat matur “kita sedoyo meniko nembe mantun jamaah shalat ashar ashar” kepireng jawabane sahabat kolowau sayyidina umar kaget kanti ngucap “innalilahi wa inna ilaihi rojiun, lajeng piyambake matur, “sahabat kabeh, sampeyan sekseni, kerono aku ninggal jamaah shalat ashar amerga kebun kurmaku iki, mangka kebun iki tak wakafake marang fakir miskin” Mekatenlah contoh ingkang kedah kita teladani menawi kita rumaos menyesal keranten nilaraken setunggaling ibadah atawin kesaenan. waosan taroji’ innalilahi wa inna ilaihi rojiun, estunipun merupakan ungkapan wekdal kita nampi cobaan lan musibah. Dados, suburipun kebun lan wontenipun sumber toya kangge sayyidina Umar menika mboten sanes namung setunggaling cobaan ingkang menimpa piyambakipun. Lan kalimat innalilahi wa inna ilaihi rojiun nedahaken kados pundi raos penyesalan ingkang luar biasa keranten piyambakipun ketinggalan shalat jama’ah ashar. Dospundi kaliyan kita sedaya, punopo kita nate ngucap innalilahi wa inna ilaihi rojiun menawi kita nilaraken shalat jama’ah? Nopo malah mboten wonten penyesalan babar pindah? Keranten atosipun ati kita ingkang ketutupan kaliyan dosanipun maksiat ingkang sampun kathah kita lampahi dumateng Allah SWT, Naudzubillahi min dzalik. Kadang2 menawi kita pikir saestu, kita menika lucu, pengin angsal kanugrahan, gesang ingkang sekeco, dipun tebihaken saking rupeking gesang, ananging kita mboten purun ngabekti dateng Allah kanti ngelampahi ibadah-ibadah, malah tambah dinten tambah anggenipun maksiat duraka dateng Allah SWT. Robbana dzolamna anfusana wa in lam taghfirlana wa tarhamna lanakunanna minal khosiriin Selajengipun, Jama’ah Jum'ah Rahimakumullah Ingkang kaping kaleh(2), ati kedah dipun bersihaken kelawan taubat. Taubatan nashuha, taubat ingkang estu-estu. Bertekad mboten badhe mangsuli malih tumindak maksiat dateng Allah. Lan ugi bersungguh-sungguh ngelampahi sedaya perintahipun Allah kanti saestu. Kedah jihad merangi hawa nafsunipun, hawa ingkang nyegah ngelampahi ibadah lan nafsu ingkang ngajak maksiat dumateng Allah, senaoso awal-awal mesti awratipun tetapi menawi kita purun istiqamah, insyaAllah awratipun ibadah menika saget dados enteng. Ingkang kaping 3, ati kedah dicuci kanti nilaraken cinta dunia ingkang berlebihan atawin tarku hubbud dunya, keranten dawuhipun Rasulullah “liannahu ra’su kulli khati’athin. Keranten kedonyan atawin hubbud dunnya menika pokokipun saben-saben kesalahan. Kengeng Menapa tiyang menika dados rentenir, ngutangaken kanti Riba? Inggih keranten hubbud dunya, wonten tiyang ingkang pergaulan bebas, selingkuh, zina? Ugi amargi hubbid dunya, tiyang korupsi kolusi lan nepotisme? Judi, mabuk-mabukan, mengkonsumsi narkoba, sedaya menika keranten hubbid dunya. Kesenengan ingkang berlebihan kelawan donya sehingga wantun nerjang syariat agami. Kita angsal kemawon nggadah bondo donya ingkang kathah, ananging ampun ngantos harta kita menika memperdaya kita, damel kita nglirwaaken ibadah dateng Allah SWT. Rasulullah menika sugih, sahabat-sahabatipun ugi kathah ingkang sugih, senaoso mekaten kekayaanipun sama sekali mboten lajeng dadosaken nglirwaaken ibadah dateng Allah. Wekdal Rasulullah SAW menghimpun sedekah saking para sahabat, sahabat sedaya sami berlomba-lomba kangge bersedekah sakkathah-kathahipun, Sayidina Umar RA nyedekahaken separo hartanipun, bahkan Sayidina Abu Bakar RA nyedekahaken sedaya hartanipun. Keranten sayidina Abu bakar menika ningali donya menika kados ningali bathang, Dawuhipun Rasulullah dateng para sahabat, “opo sliramu kabeh ngerti yen ono mayit mlaku, yoiku Abu Bakar” keranten sahabat Abu Bakar menika sampun paham saestu kaliyan alam barzhah / alam kubur, akhiripun piyambake ningali donya menika kados bathang ingkang mboten perlu kangge dieman-eman. Sayidina umar ugi mekaten, senaoso piyambake dados amirul mukminin, presidene kaum mukmin, mboten lajeng dadosaken piyambake bermewah-mewahan kanti fasilitas negara. Sayidina Umar mboten risih ngangge gamis atawin jubah ingkang wonten tambalane. Sarene namung ngangge kloso saking pelepahe kurma. Mboten ngangge kamar peraduan ingkang nyaman layakipun Raja-raja. Prinsipipun Rasulullah lan para sahabattipun. Produksi sebesar-besarnya, maksudipun Rasulullah menika mboten namung ngurusi ibadah akhirat kemawon, ananging urusan duniawi ugi, kerja keras banting tulang semangat anggenipun merdamel kangge pados pangupo jiwa, ananging namung dipun konsumsi sekedarnya, mboten berlebihan, lan dipun Distribusi seluas-luasnya, dipun sedekahaken kangge kepentingan umat sak kathah-kathahipun, keranten harta benda kita ingkang sejati inggih menika harta benda ingkang kita tasaruffaken kangge kepentingan umat lan agami. Pun dengan berbagi harta kita tidak akan berkurang tapi malah bertambah. Ingkang kaping sekawan(4) ati kedah dipun bersihaken kanti nebihaken diri kita saking hubbur riyasah, gila jabatan lan kekuasaan. Estunipun jabatan lan kekuasaan menika seringkali terlalu nyibukaken manungsa lan dadosaken manusia berpaling dari Allah ingkang Maha Kuaos. Wekdal dereng berkuasa, gang-gang sempit disambangi, tiyang2 miskin disantuni, ananging wekdal sampun lenggah wonten kursi jabatan, rakyat miskin menika bagaikan kutu busuk yang harus digusur dan diusir disana sini. Ingkang kaping gangsal (5), hati kedah dipun bersihaken kanti nilaraken perasaan remen dipuji atawin hubbul mahmadah. Pujian seringkali menenggelamkan manusia dalam ke-Aku-annya ingkang mengakibatkan kesombongan ingkang luar biasa. Padahal kita kedah mangertos bilih tiyang muji-muji kita meniko, keranten Allah SWT kanti sifat Maha Rahmanipun nutupi keawonan-keawonan kita sehingga tiyang sanes mboten semerap. Estu, menawi tiyang sanes kolowau semerap keawonan-keawonan kita, piyambake mboten badhe muji-muji kita lan mungkin ugi malah rumaos jijik lan risih dateng kita. Kaping enem -6, prayoginipun ati kita kedah dipun cegah saking raos dendam atawin tarkul hiqdi. nilaraken lan ngalekaken dendam, secara otomatis badhe dadosaken kita tabah lan sabar menghadapi cobaan lan rasa sakit hati dateng tiyang sanes. Ingkang dipun wastani hamlul adza. Dendam, Dengki lan Dongkol. Menika kedah kita tebihi menawi kita pengin dados pribadi ingkang sukses. Menawi wonten tiyang ingkang mboten sae dateng kita, nggih kersane, menawi saget kita emutaken kita nasehati kanti sae, menawi mboten saget nggih dipun dongaaken supados sadar lan tobat, ampun ngantos kita menyimpan dendam, keranten saget ugi, mboten saene tiyang sanes dateng kita menika merupakan ujian saking Allah SWT kangge ngangkat derajat kita. Ingkang terakhir, ingkang kaping pitu -7 kita kedah bersihaken ati saking sifat hasud, drengki lan srei dateng tiyang sanes atawin kanti Tarkul Hasad, ingkang estu sangat berbahaya. Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah Hatim memaknai wudhu secara bathin. Lajeng kados pundi piyambake nglampahi shalat. Wekdal Hatim al-Asham milai shalat pyambake rumaos bilih ka’bah menika wonten ngajengipun, suwarga wonten sisih tengen lan neraka wonten kiwonipun, shirathal mustaqim wonten dlamakan sukunipun, lan Malaikat izrail nenggo wonten wingkingipun, siap mencabut nyawanipun. Menikalah ingkang kawastanan Qashrul amal. Inggih menika semangat ingkang mampu mendorong supados saget langkung ningkataken ibadah. Selalu rumaos kurang ibadahipun, tambah dinten ibadahipun tambah khusyuk keranten perasaan kolowau. Sinten ingkang badhe mboten serius anggenipun shalat menawi rumaos Malaikat izaril badhe nyabut nyawanipun. Hadirin Jama’ah shalat jumat Rahimakumullah Mekaten khutbah jum’ah ingkang saget kawula aturaken, mugio kisah-kisah kolowau wonten hikmahipun ingkang saget kita dadosaken uswah hasanah kangge kita sedaya. Lan mugi Allah SWT dadosaken kita sedaya tiyang-tiyang ingkang beruntung ingkang mampu ngelampahi sedaya perintahipun agami kanti sak sae-saenipun lan nebihi sedaya awisan-awisanipun kanti istiqamah, amin ya robbal aalamiien. بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ